Sabtu, 06 April 2013
Biografi Mohammad Hatta
Label:
Sejarah
Mohammad Hatta
Langsung menyang: pandhu arah, pados Mohammad Hatta
Wakil Presidhèn Indonésia ka-1
Mangsa jabatan
18 Agustus 1945 – 1 Desember 1956
Pejabat sadurungé mboten wonten, jabatan enggal
Pengganti Hamengkubuwana IX
(jabatan lowong antawis 1956-1973)
Perdhana Mentri Indonésia ka-3
Mangsa jabatan
29 Januari 1948 – 16 Januari 1950
Pejabat sadurungé Amir Sjarifoeddin
Pengganti Abdul Halim
Mentri Jaban Rangkah Indonesia ka-10
Mangsa jabatan
20 Desember 1949 – 6 September 1950
Pejabat sadurungé Agus Salim
Pengganti Mohammad Roem
Lair 12 Agustus 1902
[1]
Bukittinggi, Sumatra Kulon, Hindhia-Walanda
Tilar donya 14 Maret 1980 (umur 77)[1]
Jakarta, Indonesia
Partai pulitik Partai Nasional Indonésia
Pasangan Rahmi Rachim
Agama Islam
Tapak asma
Dr.(H.C.) Drs. H. Mohammad Hatta (lair ing Bukittinggi, 12 Agustus 1902 – tilar donya ing Jakarta, 14 Maret 1980 kanthi yuswa 77 taun) inggih menika salah sawijining pejuang, negarawan, lan pahlawan nasional wonten ing Indonésia.[2] Mohammad Hatta inggih dados wakil presidhèn sing kapisan wonten ing Indonesia.[3] Mohammad Hatta kagungan asma ingkang misuwur ing bebrayan inggih menika Bung Hatta,[4] nanging sejatosipun rumiyin asma alitipun inggih menika Mohammad Athar.[5] Bung Hatta menika misuwur dados Bapak Koperasi, lan asmanipun dipunginaaken dados nama bandar udara (bandara) internasional wonten ing Jakarta.Bab lan Paragraf [singidaken]
1 Kulawargi
2 Pendhidhikan
2.1 Pendhidhikan ing Indonesia
2.2 Pendhidhikan ing Luar Negeri
3 Lelabetan
3.1 Aktif wonten Organisasi
3.2 Mangsa Pandhudhuk Jepang
3.3 Mangsa Revolusi
3.4 Sipat Negarawan kagunganipun Bung Hatta
3.5 Pahargiyan Bung Hatta
4 Tilar donya
5 Uga pirsani
6 Rujukan
6.1 Cathetan suku
6.2 Wacan terusan
7 Pranala jaba
Bung Hatta miyos wonten ing Kampung Aur Tajungkang, Kutha Bukittinggi surya kaping 12 Agustus 1902.[5] Bung Hatta menika putra saking H. Mohammad Djamil (bapak) lan Siti Saleha (ibu).[5]
Bung Hatta dipunkagungi putra 3 (tiga) saking garwanipun ingkang asma Rahmi Hatta.[5] Putra sepisan dipunparingi asma Meutia Farida Hatta (21 Maret 1947), kaping kalih ingkang asma Gemala Rabi’ah Hatta (1953) lajeng ingkang kaping tiga asmanipun Halidah Nuriah Hatta (25 Januari 1956).[5]
Putrinipun asma Meutia Hatta njabat minangka Mentri Negara Pemberdayaan Perempuan jroning Kabinet Indonesia Bersatu pimpinan Presidhèn Susilo Bambang Yudhoyono.
Pendhidhikan Mohammad Hatta inggih menika sepisan HIS (sekolah dhasar bahasa Belanda kagem putra-putra pribumi).[6] Lan ugi Bung Hatta inggih pikantuk pendhidhikan dhasar ing Europese Largere School (ESL) ing Bukittingi (tamat 1916) lajeng Meer Vitgebreid Lagere Onderwijs (MULO) ing Padang (tamat 1919)).[7] dipunundhuh tanggal 8 Juli 2011 Lan panjenenganipun ugi pados ilmu ugi nglajengaken pendhidhikan ing Handle Middlebare School (Sekolah Menengah Dagang) ing Jakarta lulus warsa 1921.[7]
Wiwit saking sekolah menengah pertama menika panjenenganipun sampun sregep nderek organisasi, sanesipun panjeneganipun inggih tiyang ingkang taat nglampahi ajaran agama Islam.[6] Nalika sekolah wonten ing Jakarta, panjeneganipun nglajengaken kegiatan kaliyan Jong Sumatranen Bond.[6] Panjenenganipun nalika semanten ugi asring wonten ing asrama Sekolah Tinggi Kedhokteran pepanggihan kaliyan kancanipun ingkang asma Bahder Djohan ingkang dados guru besar lan Rektor Universitas Indonesia.[6]
Nalika Bung Hatta ndherek organisasi lan dados Bendahara Jong Sumatranen Bond ing Padang (1916-1919) ingkang kedah tanggel jawab lan ulet.[5] Panjenenganipun nglajengaken pendhidhikan perguruan tinggi Belanda mundhut ekonomi wonten ing Nederland Handelshogeschool di Rotterdam (tamat minangka gelar Drs, 1932).[5]
Mohammad Hatta ndhèrèk Indonesischee Vereniging, gerakan internasional (Liga Tegen Imperalisme,Tegen Koloniale Onderdrukking en voor Nationale Onafhankelijkheid-Liga menetang Imperialisme, Menentang Penindasan Kolonial Mendukung Kemerdekaan Indonesia).[6]
Ing mangsa menika Bung Hatta dados tiyang wigatos ingkang nomer kalih(2) ing pemimpin Pusat Tenaga Rakyat (Putera,1942-1943), lajeng ing Jawa Hokokai (Himpunan Kebaktian Rakyat Jawa, 1943-1944).[6] Bung Hatta ugi ing Tyuo Sangi In (Dewan Pertimbangan Pusat, 1943-1944);ugi dados penasehat (sanyo) lan dados ketua dewan sanyo (1944-1945) ing departemen ekonomi. [6] Bung Hatta inggih dados anggota Panitia Penyelidik Adat-istiadat (1942), lan ingkang wigatos panjeneganipun ugi dados anggota Badan Penyelidik Usaha-Usaha kemerdekaan Indonesia (1945).[6]
Bung Hatta minangka salah sawijining tokoh saking prokamator kemerdekaan Indonesia.[6] Panjenenganipun dados tiyang ingkang wigatos nggantos pitung tembung ing Piagam Jakarta ingkang dipundadosaken Pambukaan UUD 1945:"dengan kewajiban menjalankan syari'at Islam bagi pemeluk-pemeluknya" dipungantos kaliyan "Ketuhanan Yang Maha Esa". [6]
[sunting]
Sipat Negarawan kagunganipun Bung Hatta
Menawi bangsa India ngadhahi Mahatma Gandhi minangka bapak negarawan ingkang sedherhana, santun, bersahaja kagem rakyatipun, lajeng Indonesia ngadhahi Bung Hatta.[8] Salawas gesangipun, Bung Hatta kathah ngagem sipat santunipun dhumatheng sinten kemawon tiyangipun.[8] Menapa tiyangipun mungsuh menawi kanca.[8] Bung Hatta inggih sanget pakurmatanipun lan lajeng ngekanca ingkang raket kaliyan Bung Karno, minangka ing taun 1950-an tiyang kekalih menika boten saged makarya sesarengan malih babagan politik.[8] Panjenenganipun lengser saking jabatan Wakil Presidhèn ing taun 1956, amarga pasulayan kaliyan Presidhèn Soekarno.
Bung Hatta inggih dipuntunjuk dados tokoh HAM (Hak Asasi Manungsa).[9] Pahargiyan menika saking mengeti lelabetan Bung Hatta minangka bidang perlindungan uga penegakkan HAM.[9] Mengeti dinten HAM menika dhumawah surya kaping 10 Desember ingkang wonten gegayutanipun kaliyan Bung Hatta.[10] Badan Penelitian lan Pengembangan HAM menika gadhah tujuan paring pangertosan malih bilih kula lan panjenegan sedaya minangka bangsa kedah mengeti lelabetanipun Bung Hatta kagem kepentinganipun bangsa ingkang salajengipun.[10]
Bung Hatta ugi dados Gelar Doktor Honoris Causa saking Universitas Gadjah Mada (1956), Universitas Hasanuddin (1973), lan Universitas Indonesia (1975).[5]
Panjenenganipun ugi nampi tanda jasa Bintang Republik saking Presiden Soeharto (15 Agustus 1972).[5]
Diposting oleh
Unknown
di
07.59
0 komentar
Posting Komentar